KHUTBAH JUMAT : DADOS PRIBADI SAE MENGGAH GUSTI ALLAH

DADOS PRIBADI SAE MENGGAH GUSTI ALLAH

Oleh: Ust. Zainal Muktafi
(Kepala MHM Sunan Kalijaga Kaliwungu Ngunut)

Khutbah I

الحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ومن سيئات أعمالنا. من يهد الله فلا مضل له، ومن يضلل فلا هادي له، ومن لم يجعل الله له نورا فما له من نور.

أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى آله وصحبه ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين.

أما بعد، فيا عباد الله أوصيكم ونفسي بتقوى الله فقد فاز المتقون.

قال الله تعالى:

واعبدوا الله ولا تشركوا به شيئا وبالوالدين إحسانا وبذي القربى واليتامى والمساكين والجار ذي القربى والجار الجنب والصاحب بالجنب وابن السبيل وما ملكت أيمانكم إن الله لا يحب من كان مختالا فخورا.

Jamaah ingkang dirahmati Allah

Monggo sami ningkataken takwa dumateng ngarsa dalem Gusti Allah SWT kelawan nindak aken perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi Gusti Allah SWT paring doyo dumateng manah kito sedoyo sehinggo saget ngelampahi perintah lan nebihi awisanipun kanti roso ikhlas lan istiqomah.

Jamaah Jumat ingkang Minulyo

Sampun kito mangertosi bilih badan, nafas, bondo lan pangkat kito namung gadahnipun Allah SWT, pramilo monggo ngimut pepeling saking Sayyidina Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad:

كن عند الله خير الناس وكن عند نفسك شر الناس وكن عند الناس رجلا من الناس

Artosipun: Dadiyo awakmu wong paling apik miturut Allah, lan dadiyo menungso paling elek miturut awakmu dewe, lan dadiyo menungso biasa miturut wong liyo.

Pepiling niki penting kangge sangu kito ingkang tasih diparingi kesempatan gesang wonten ngalam dunyo, supados terus berusaha manggihi rahayu dunyo dumugi akhirat.

Terus nopo ingkang kedah kito siapaken menawi taksih kanugrahan umur?

Wonten tigang perkawis ingkang kedah dicawisake, nggih meniko:

Sepindah. Kito kedah terus ningkatake ketakwaan lan amal sae miturut Allah subhanahu wata‘ala. Ngelampahi perintah ugi nebihi awisanipun. Kelawan mekaten kito termasuk tiyang ingkang sae menggah gusti Allah.

Kaping kalih, kito kedah rumaos bilih amal sae kito, kebagusan kito niku taksih kirang, sahinggo kito terus giat nambahi amal sae.

Pramilo, monggo milai detik niki sakrampunge jumatan niki kito kedah nandur tekad langkung sae, arupi nyuwun ngapuro marang tiang sepah kito, sae dumateng tetanggi kiwo tengen, sowan lan nyuwun ridhanipun guru.

Semanten ugi kedah ninggalaken lakon awon ingkang sering kito lampahi. Kados penggawean mbujuk marang tiyang sepah ugi moro sepah lan sinten kemawon ingkang sering kito gempilaken batos e, sedaya keawonan meniko wajib kito tinggalaken.

Kaping tigo, Kito kedah nggadah rumaos andap asor menggah tiang sanes. Naliko kepanggih tiyang ingkang langkung sepuh kito takdzim, ugi dumateng tiyang ingkang langkung enem tetep hormat. Mboten wonten ingkang kedah kito unggulaken menopo malih urusan dunyo.

Jamaah Jumat ingkang Minulyo

Ing salah setunggal kesempatan, Syekh Abdul Qadir al-Jailani maringi kito cara ingkang gampang lan saget kito damel naliko gesang wonten alam dunyo.

Sepindah, menawi ningali utawi kepanggih tiyang sanes, kito nandur roso bilih awak kito niki luweh ino tinimbang tiyang niku. Senahoso umpami kito ahli ibadah, seregep jamaah, mempeng ngaji Al-Qur’an lan sodaqoh.

Kaping kalih. Menawi ningali lare alit, kito kedah anggadahi pikiran:

“Oh… bocah kuwi luweh enom tinimbang awak dewe, tentu dusone luwih sitik dibandingaken awak dewe.”

Kosok wangsulipun naliko ningali konco, guru, rencang ingkang langkuh sepuh kedah ditanamaken teng dodo:

“Oh… wong tuwo iku tentu amal kesaenan luweh akeh ketimbang kito.”

Kaping tigo, naliko manggihi tiyang alim, ulama, tiang ahli agomo kedah ngrentek sae:

“Oh, wong ngene iki pasti amale dilandasi kalian ilmu.”

Semanten ugi menawi manggihi tiyang ingkang kirang berilmu utawi langkung bodoh tinimbang awak dewe, mongko kito rumaos:

“Wong iki ngelakoni kesalahan pasti kerono mboten ngertos.”

Pramilo coro-coro meniko ingkang saget kito lampahi menawi tasih diparingi kesempatan kaliyan Allah wonten lebeting dinten ngajeng.

Krono mbiji awak dewe luweh elek tinimbang tiyang sanes niku langkung sae tenimbang awak dewe gumedhe lan takabbur bandingaken kelawan tiyang sanes.

Terakhir, Kanjeng Nabi dawuh:

عن شداد بن أوس، قال رسول الله صلى الله عليه وسلم: الكيس من دان نفسه وعمل لما بعد الموت، والعاجز من أتبع نفسه هواها وتمنى على الله.

(رواه أحمد)

Artosipun:

Tiyang cerdas lan sukses iku sing iso mbiji awake dewe, beramal kangge urip sakmarine mati. Lan sing diarani wong lemah yoiku sing nuruti hawa nafsune lan kakean tuntutan marang Allah.

(HR Ahmad)

Mugi lumantar kutbah singkat meniko kito pinaringan gampil ngelampahi gesang wonten dunyo, pinaringan yuswo ingkang sae lan barokah, manfaati dateng kito lan keluarga, ugi masyarakat sekitar kito, sahinggo dados sangu naliko ngadep dateng gusti pangeran.

Amin ya rabbal alamin.

Penutup Khutbah I

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم. أقول قولي هذا وأستغفر الله لي ولكم فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

KHUTBAH II

الحمد لله على إحسانه والشكر له على توفيقه وامتنانه. وأشهد أن لا إله إلا الله والله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله الداعي إلى رضوانه.

اللهم صل على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه وسلم تسليما كثيرا.

أما بعد، فيا أيها الناس اتقوا الله فيما أمر وانتهوا عما نهى واعلموا أن الله أمركم بأمر بدأ فيه بنفسه وثنى بملائكته فقال تعالى:

إن الله وملائكته يصلون على النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما.

اللهم صل على سيدنا محمد الذي صلى الله عليه وسلم وعلى آل سيدنا محمد وعلى أنبيائك ورسلك وملائكتك المقربين وخلفائك الراشدين أبي بكر وعمر وعثمان وعلي وعن بقية الصحابة والتابعين وتابعي التابعين لهم بإحسان إلى يوم الدين وارض عنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين.

اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات.

اللهم أعز الإسلام والمسلمين وأذل الشرك والمشركين وانصر عبادك الموحدين وانصر من نصر الدين واخْذُل من خذل المسلمين ودمر أعداء الدين وأعل كلمتك إلى يوم الدين.

اللهم ادفع عنا البلاء والوباء والزلازل والمحن وسوء الفتنة والمحن ما ظهر منها وما بطن عن بلدنا إندونيسيا خاصة وسائر البلدان عامة يا رب العالمين.

ربنا آتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار.

ربنا ظلمنا أنفسنا وإن لم تغفر لنا وترحمنا لنكونن من الخاسرين.

عباد الله! إن الله يأمر بالعدل والإحسان وإيتاء ذي القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغي يعظكم لعلكم تذكرون.

واذكروا الله العظيم يذكركم واشكروه على نعمه يزدكم ولذكر الله أكبر.

Khutbah ini diterbitkan oleh:
Pengurus Cabang LTMNU Kab. Tulungagung

Penanggungjawab: Dr. Mohammad Da;I Robby, M.Ud.
Penulis: Ust. Zainal Muktafi
Pentashih: Komarodin, M.Pd.I
Layout: Komari, S.HI, M.Sy.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *